Serat Wédhatama (“serat mangenani ajaran utama”) nggih niku sayunggaling rumpaka sastra Jawa Enggal kang saged digolongaken minangka moralistis-didaktis kang sekedik dipengaruhi Islam. Rumpaka punika secaos formal diserat dening KGPAA Mangkunegara IV. Sanajan mekaten wonten indikasi nyaniya serat punika mboten diserat dening setunggal tiyang (Pigeaud, Rangga Warsita et all, 1967:110). Serat punika dianggep minangka salah satunggaling puncak estetika sastra Jawa abad kaping 19 lan gadah karakter mistik kang kiat. Wangune nggih niku tembang, kang biasa dipigunakaken teng zaman punika.
Serat punika mangadeg ing atase 100 pupuh (bait, canto) tembang macapat, kang dibagi teng selebete gangsal tembang, nggih niku :
Pangkur (14 pupuh,1 – 14)
Sinom (18 pupuh, 15 -32)
Pucung (15 pupuh, 33 – 47)
Gambuh (35 pupuh, 48-82)
Kinanthi (18 pupuh, 83-100)
Isie ngrupiaken falsafah kagesangann, kados dene tenggang rasa, kepripun dadosjanma kang sampurna, nglampahaken agami secaos bijak, lan dados tiyang kang gadah watek ksatria.



















